Sep 28, 2017

YANG SUKA WAYANG: Petruk Badra



PETRUK BADRA
Dening Ki Dalang WA, Prof. Dr. Marsigit, M.A.


*************
Petruk Badra 1
14 Agustus 2017
*************


Petruk: E...bot bote arep golek undakan. Undakan ngelmu. Kaya ngapa wujude ngelmu Cengkah Mlayu? Nek wis bisa duwe ngelmu Cengkah Mlayu, jare kyaine Semar, aku bakal bisa weruh sak durunge winarah. Aku diparingi PR kon golek ... neng...kok rada ndrawasi?. Iki ana Dalan Lempeng? Aku takon, nggonmu bengkong sing endi?

Dalan Lempeng: Jenengku wae wis dalan lempeng. Ndadak nganggo takon endi sing bengkong. Tamatna lan goleki dhewe. Nek arep liwat, liwata aja ngganggu wong liya sing arep liwat.

Petruk: Whe lah kojur ane. Hemm... iki ana banyu gege sewindu, njaluk sing panas?

Banyu Gege Sewindu: Jenengku wis ngarani. Cara saiki banyu gege sewindu kuwi banyu njero kulkas suwene wolung taun. Lha kok kowe jaluk sing panas, kuwi jenenge golek perkara.

Petruk: Wheh lha blaik ane. Iki pager papak, endi sing punjul?

Pager Papak: Rasah gateke wong edan. Cetha ngerti pager wis papak, kok goleki sing punjul?

Petruk: Wa la wa la quwata, duh gusti golek ngelmu kok kaya ngene angele. Iki ana banyu, endi sing mendukul?

Banyu: Banyu mendukul kuwi ora umum. Sing umum banyu kuwi leter. Bisa mendukul kana njegur segara.

Petru: Waduh... mbalah kon jegur segara. Iki ana sapi gumarang. Pi sapi, mlebua lenge semut.

Sapi Gumarang: Nek njaluk mati, tampanana sunguku iki.

Petruk: Wah nek ora mlayu bisa mati aku disruduk sapi. Iki ana bongkote uwit, endi sing lancip?

Bongkot Uwit: Umume bongkot uwit kuwi bujel, lha kok golek sing lancip. Apa njaluk dak bruki uwit kowe?

Petruk: Adhuh mumet sirahku. Oh awang awang aja dak bentus bentus sirahku. Uwis uwis. Mumet sirahku.
....Candhakipun..Petruk Badra 2....       

*************
Petruk Badra 2
*************
Dening: Marsigit UNY
15 Agustus 2017


Ismaya: Iki kwandane Petruk gumletak tepine wana. Tangiya Petruk.

Petruk: Poduka sinten. Katimbang nandang kasamsaya, kula nyuwun dipun banjut kemawon.

Ismaya: Lumrahe wong golek ngelmu kuwi nganggo laku. Cintrakamu kuwi pinangka lakumu.

Petruk: Kenging punapa wonten ngelmi ingkang awrat gayuhipun?

Ismaya: Kuwi bab werna wernane makame manungsa. Lamun makammu durung mundhak, tangeh lamun kowe bisa nggayuh ngelmu Cengkah Mlayu.

Petruk: Lhah punapa kula mboten saged nggayuh ngelmi Cengkah Mlayu?

Ismaya: Dak polke lhehmu ikhtiar, ora bakal klakon lamun durung entuk ijine ingkang murbweng jagad. Mula kabeh panjangka kuwi kudu tansah landesan tuntunane Agama. Ora sakmestine manungsa duwe penggayuh sak jabane kodrat. Supaya uripmu tansah tinuntun mring bebener sejati, mula sak mukawis tumindak kudu tansah diwiwiti kanti maca donga.

Petruk: Bismillah hirrohman nirrohiim. Menawi mekaten kula sampun lenggana. Wontenipun namung ndherek. Pejah gesang kula, kula pasrahaken wonten ngarsanipun Gusti Alloh SWT. Menawi pancen ngelmu Cengkah Mlayu sanes pintan kula, kula sampun lenggana.

Ismaya: Kanggo panglipur sawatara, mbok manawa bisa kanggo lantaran, kowe bisa medarke ngelmu Cengkah Mlayu, ananging kudu lantaran ulun. Ulun bakal sajiwa marang jeneng para. Madega Begawan jejuluk Tongtongsot, mapan ngisor Gunung Mameru.
Iki mengko Gareng karo Bagong arep golek guru.

Petruk: We lah kok ngerti Gareng karo Bagong arep liwat, mangka durung winarah. E nggih nyuwun ngapunten, matur sembah nuwun pikulun Ismaya.

.... Candakipun...Petruk Badra 3.. 
                     

 **********
PETRUK BADRA 3
*******
Dening: Marsigit UNY
15 Agustus 2017

Gareng: Nyuwun pirsa, kapan lan dateng pundi, lempeng niku bengkong?

Tongtongsot: Sejatine ora ana wujud kuwi lempeng. Lempenge wujud kuwi lempeng ora sampurna. Lempeng sampurna utawa lempeng sejati papane ana pikire manungsa utawa kuwasane ingkang murbweng dumadi.

Bagong: Lha nek lancip?

Tongtongsot: Ora ana wujud kuwi lancip. Lancipe wujud kuwi ora sampurna. Lancip sampurna kuwi ana pikir utawa kuwasane Gusti ingkang murbweng dumadi.

Bagong: Lha dom kae rak ya lancip ta?

Tongtongsot: Pucuke dom kae molekul. Molekul kuwi saka atom. Lintasan atom kuwi mubeng. Dadi pucuke dom kae wujud mubeng, dudu lancip.

Gareng: Lha nek mendukule toya?

Tongtongsot: Mendukule banyu kuwi ngelmu teknologine manungsa utawa kuwasane Gusti ingkang murbweng dumadi.

Bagong: Mbrojoling akerep?

Tongtongsot: Ngelmune manungsa bisa dadi pinter, wasis lan waskita. Manungsa ingkang bisa mbrojoling akerep, tanda manungsa ingkang pinunjul lan linuwih.

Gareng: Punjuling a papak?

Tongtongsot: Ajimu merga saka bedane utawa padane marang liyane. Gumantung kahanane. Manawa ajimu merga bedane marang liyan, kuwi diarani punjuling a papak.

Bagong: Lha Sapi kok kon mlebu leng Semut?

Tongtongsot: Kuwi tembung sanepa. Sapi gedhe nggambaŕke gedhene jagadmu. Leng Semut cilik ya sepi nggambarke mantheng ati lan pikirmu. Penggayuh apa wae kudu pawitan mantheng ati lan pikire.

Gareng: Ramene sepi, sepinipun rame?

Tongtongsot: Kuwi watake wong ngibadah. Ngibadah kuwi bisa munjukke donga sing akeh, sak temen temene digambarke ramene swara jrone pikir, nanging sepi jrone ati.

Bagong: Kebentus awang awang?

Tongtongsot: Kuwi nggambarke nangsibe uwong sing lagi nandang cintraka. Jeneng lagi diuji, lumrahe kebentus kuwi tembok. Lha iki, awang awang wae bisa bentus.

Gareng: Panase toya Es?

Tongtongsot: Kuwi kahanan atine manungsa. Adem utawa anyebe atine manungsa kaya ibarate bisa nyirep panase nraka. Panas utawa murkane atine mangungsa ibarate ademe Es wolung tahun wae ijih krasa panas.

...  candhakipun...Petruk Badra 4 ...




********
PETRUK BADRA 4
********
Dening: Marsigit UNY
16 agustus 2017

Gareng: Wah tambah semangat aku. Napa tegese: lekas durung lekas, rampung durung rampung, tekan durung menyang, seger durung ngombe, sore durung esuk, mbengi durung awan, wingi sesuke wingi, wingi sesuke saiki, wingi sesuke sesuk?

Tongtongsot: We..lah...gareng ngajak dolanan bab wektu. Iya dak terangke.

Tongtongsot:
Wengkune wektu kuwi ana : wektu tunggal, wektu jajar,  wektu baris, lan wektu mlumpat.

Tongtongsot:
 Edine wektu kuwi ana lima: wektu utama, wektu mirunggan, wektu sunyata, wektu tinanding, wektu jinangkep.

Tongtongsot
 Lenggahe wektu ana papan. Ora ana wektu lamun ora ana papan. Ora ana papan lamun ora ana wektu. Wektu kuwi papan. Papan kuwi wektu. Mangka papan kuwi wujud. Durung duwur ngelmumu lamun durung bisa weruh wujude wektu.

Bagong: Rada aneh, wektu kok wujud. Lha endi dak cekel ya ora bisa? Nek ngana aku, Gareng, papan adoh, papan cedhak ... kabeh mau kuwi wektu? Nalare piye.

Tongtongsot: Bener kowe Bagong. Ngerti sak durunge winarah kuwi bab papan lan wektu. Mangka papan kuwi wektu, wektu kuwi papan.

Bagong: Menyerah kula. Bingung?

Tongtongsot: Lamun ora ana wektu, ora bakal ana wujud. Lamun ora ana wujud, ora bakal ana wektu. Dadi kabeh wujud, gebyare dunya, uripmu kabeh kuwi bisa diringkes dadi wektu.

Bagong: Mpun cethane mawon pripun? Ndherek?

Tongtongsot: Merga kabeh wujud kuwi wektu, mula ora ana wujud mardika saka wektu. Bagong kuwi ora mardika saka wektu.

Bagong: Buktine napa?

Tongtongsot: Bagong sing kapan?

Bagong: Nggih Bagong sing seniki kok rewel.

Tongtongsot: Seniki kuwi wektu.

Bagong: Bagong sing wingi. Wingi kuwi wektu ya. Bagong sing neng kana.

Tongtongsot: Kana kapan?

Bagong: Kana wingi.

Tongtongsot: Wingi kuwi wektu.

Bagong: Wonten rumuse mboten?

Tongtongsot: Rumuse:  f(wujud)= wektu. Wujud apa wae kuwi wektu.
f(wektu)= wujud. Wektu kuwi wujud.
f(wektu)=urip. Wektu kuwi urip.
f(urip)= wektu. Urip kuwi wektu.
f(mati)=f(ora urip)= ora ana wektu urip.

Bagong: Lha apa tegese adoh, cerak, suwi, sedela, gedhe, cilik, lsp?

Tongtongsot: Kuwi bab mulur mungkrete wektu:
Adoh kuwi celak, lamun wektune diungkret.
Celak kuwi adoh, lamun wektune di ulur.
Kana kuwi kene, lamun wektune diungkret.
Kene kuwi kana lamun wektune diulur.
Gedhe kuwi cilik, lamun wektune diulur.
Cilik kuwi gedhe lamun wektune diungkret.
Sesuk kuwi saiki, lamun wektune diungkret.
Saiki kuwi sesuk, lamun wektune diungkret.
Durung kuwi uwis lamun wektune diungkret.
Uwis kuwi durung lamun wektune diulur.
Ngerti sak durunge kuwi ngerti sak wise, lamun wektune diungkret.
Ngerti sakwise kuwi ngerti sakdurunge, lamun wektune diulur.

Bagong: Ngerti sak durunge winarah?

Tongtongsot:
Ngerti kuwi papan lan wektu. Mangka papan kuwi wektu. Dadi ngerti kuwi wektu.
Sak durunge kuwi sak wise, lamun wektune diungkret.
Winarah kuwi papan lan wektu. Mangka papan kuwi wektu. Dadi winarah kuwi wektu.

Bagong: Ha nggih. Ngerti sak durunge winarah?

Tongtongsot: Ngerti sak durunge winarah, kuwi mulur mungkrete wektu ngerti mulur mungkrete wektu durung mulur mungkrete wektu winarah.

.... Candhakipun ... Petruk Badra 5 ...
 

PETRUK BADRA 5
********
Dening: Marsigit UNY
17 Agustus 2017

Gareng: Kepareng nyuwun ngelmi bisa ngerti sakdurunge winarah.

Tongtongsot: Ngerti sakdurunge winarah syarate kudu duwe ngelmu Cengkah Laku.

Gareng: Kepareng nyuwun ngelmu Cengkah Mlaku.

Bagong: Nggih, kula nggih purun, niku ngelmu Cengkah Mlaku.

Tongtongsot: Kowe wis ngerti sak perangan sithik ngelmune Cengkah. Sak perangan liyane durung. Ngelmune Mlaku durung paja paja. Bakal dak uji. Jenengmu sapa?

Bagong: Ha nggih nami kula Bagong.

Tongtongsot:
Bener ning durung pener. Cilik tekan dewasa nganti tuwa pathok bangkrong jenengmu Bagong, kuwi kurang setiti, kurang adil, durung cukup kanggo kebutuhane urip.

Bagong: Lho sebabe?

Tongtongsot Sebab jenengmu Bagong kuwi wadah. Isine ya kabeh kahananmu wiwit cilik rekan dewasa. Umpama kuwe wis kuliah lulus S1, jenengmu perlu ditambah Drs. Bagong. Lulus S2, Dra Bagong M.A. Lulus S3. Dr. Drs. Bagong MA. Kowe dadi guru besar, jenengmu Prof Dr Drs Bagong M.A. Kowe klakon naik haji jenengmu Prof Dr Drs Haji Bagong M.A. Sesuk kowe mati jenengmu Almarhum Prof Dr Drs Haji Bagong M.A.

Bagong: O nggih nembhe sadar kula. Mula jeneng kula nek wangsul kampung halaman niku ngewuhke. Mboten purun jeluk kula Bagong, lhe mungel rikuh, kula mpun tuwa. Ditakoni jeneng tuwa, ora duwe. Kosok baline, kancaku cilik dak undang Tulalit, kaya isin ora dadi karepe, jarene wis duwe jeneng tuwa. Lha mangka kahanan kula niku werna werna: kredit montor, arep mantu, pasa Senen Kemis, taksih kathah liyane. Napa ken nyebutke kabeh.

Tongtongsot: Lha nek bisa, sebutke kabeh ya luwih apik.

Gareng: Lajeng prayogine jenenge Bagong niku sinten?

Tongtongsot: Antarane bener lan pener kuwi tebane ngelmune cengkah. Lamun ta pener, jenengmu bisa: Bagong manut lakune papan lan wektu, sumende ndherek kersane ingkang kuwaos. Pener mesti wae bener. Nanging bener durung mesti pener. Lamun ta pener, durung mesti cocok karo lakune papan lan wektu.

Tongtongsot: Bagong, ngendi lahir patimu?

Bagong: Lahir kula saking ibu kula. Pati kula teng...

Tongtongsot: Lair wadag saka guwa garba. Lair graita saka graita. Lair pangrasa saka rasa. Kabeh lairmu mau saka ingkang Kuwasa.

Tongtongsot: Gareng dak uji. Nang ngendi papane: munggah kuwi mudun, lor kuwi kidul, ngisor kuwi nduwur, abot kuwi entheng, angel kuwi gampang, lsp.

Gareng: Wah angel.

Tongtongsot: Kabeh mau papane ana panggraita. Bingung papane ngendi?

Bagong: Nembhe bingung, nggih mboten ngerti

Tongtongsot: Papane bingung uga ana panggraita. Dalan kae kira kora dohe pira?

Bagong: Satus meter.

Tongtongsot: Nyatane dalan kae dawane limangatus meter. Panggraitane Bagong kena sengkala utawa ora sehat.

Tongtongsot: Jawab Reng,  Gong apa tegese: gedhe, cilik, adoh, celak, seneng, sayang, cinta?

Gareng: gedhe kuwi ora cilik, cilik kuwi ora gedhe.

Bagong: Adoh kuwi ora celak. Celak kiwi ora adoh. Seneng kuwi ora sengit. Sengit kuwi ora seneng.

Tongtongsot: Jawabmu kabeh kliru. Kuwi tembung sing ora bisa dijawab, nanging bisa diterangke, sebab kuwi kabeh tembung panggraita.

Tongtongsot: Kurikulum ngelmune Cengkah Mlaku kaperang dadi 9 semester: C1, C2, C3, M1, M2, M3, CM1, CM2, CM3. C Cengkah. M Mlaku. CM Cengkah Mlaku. Bagong taksih C1. Gareng munggah C2.

Bagong: Wah angel.

Tongtongsot: Pada ngaso dhisik. Baliya ketemu keluwargamu dhisik. Semester candhake diteruske.

...... Candakipun Petruk Badra 6...                       


********
PETRUK BADRA 6
********
Dening Marsigit UNY
18 Agustus 2017

Wisanggeni: Ora pati duga, ana pandita anyar peparab Tongtongsot. Dak melu mbeguru nek bisa jawab pitakonku. Wisanggeni kuwi sapa?

Tongtongsot: Aku ora arep jawab Wisanggeni kuwi anak putu dewa, sebab wis ngarani. Wisanggeni kuwi graita cahya mlaya rumesep.

Wisanggeni: Whe lha...mbanda kalani pandita iki. Apa tegese graita cahya mlaya rumesep?

Tongtongsot: Watak grahita keplayu. Watak cahya sumunar. Watak mlaya jajah. Watak rumesep rumasuk. Apa durung cetha?

Wisanggeni: Wah rada kewragangan aku. Kepiye iki?

Tongtongsot: Sakwusnya kowe keplayu ngarepan aku. Gathuk jumbuhke watake cahya ingkang sumunar. Kanggo pawitan nggonmu jajah graita. Ketemu aku rumesep rumasuk jumbuh watak sejati.

Wisanggeni: Whe lha nek ngana, aku jaluk idin dak melu mbeguru marang begawan Tongtongsot.

Tongtongsot: Cahya ketemu cahya. Nur sumawuran Nur. Tali temali gayut ginayut ketemune tiba penggayuh muga kabeh bisa kanggo mulyane urip luhure budi.

Wisanggeni: Saiki aku manut kudu kepiye?

Tongtongsot: Esemunya kasanepa kasanding karangsang mrucut. Binuwang kesrapat mandrawa bangkar rinuket. Samya lenggana lebur watak guru murid jleg posah pasihan nini mintuna imbal wacana.

Wisanggeni: O lha nek ngana dak trima banget kabeh watak becikmu tumrap aku. Aku banjur arep takon. Iki jaman sing endi?

Tongtongsot: Mulur mungkrede jaman  Kalabendu, Kalatida, lan  Kalasuba. Cinengkah keplayu tumrap sapa sing ngerti sak durunge winarah.

Wisanggeni: Aku ora arep omong ngerti sak durunge winarah, sebab wis ngarani. Aku takon kepiye lakune grahita cahya mlaya rumesep?

Tongtongsot: Lenggahe awal akhir jaman. Mulur mungkrete tembung, rasa, pamikir, sunyata, jagad gedhe jagad cilik. Panggraitane para wikan. Lekas dat tanpa lekas. Akhir dat tanpa akhir. Lekas dat tanpa akhir. Akhir dat tanpa lekas. Pigunane grahita mlaya bumi mlaya langit. Rumeseping kalbu sumunaring budi. Ngamal ngamil ngamel ngemul ngelmu ngomel. Cengkahe sarwa keplayu. Playune sarwa cinengkah. Cengkahe sarwa cinengkah. Playune sarwa keplayu. Jatine lekas kang kawekas. Lekase wekas kang jinati.
Mulur mungkrete lakune graita cahya mlaya rumesep tiba pada pada tumrap jenengku lan jenengmu.

Wisanggeni: Cocok. Wah cocok tenan. Bisa diteruske karo ngenteni tamu tamumu sing pada mlaya bumi mlaya langit.

Tongtongsot: Disambi karo ngunjuk. Dhahar klethikan.

..... candhakipun...Petruk Badra 7....      


********
PETRUK BADRA 7
********
Dening: Marsigit UNY
19 Agustus 2017

Kresna: Ora pati nduga. Aku dak meguru karo kowe, lamun bisa jawab pitakonku. Ngendi pati uripe Kresna?

Tongtongsot: Carang wreksa wreksa wilis tanpa patra. Snajan caranging pring bisa wae kanggo nulis, lamun ana niat lan ngelmune. Kresna ingkang tinulis ing dlancang,  ingkang kaweca ing lisan,  ingkang nglegena ing pamikir, ingkang wujud ing sunyata,  ingkang krasa ing pangrasa. Awal akhire jaman. Gatra muni gatra meneng. Bibit kawit manut iline banyu. Sapa sira sapa iku. Waskita ingkang winasis. Mlaku mundur tan nyingkur. Ketemu Tongtongsot kuwasane bathara.

Kresna: Iya snajan singidan mega mendhung, aku ora bakal klayatan. Diputer wolak walik tembùngmu, wis kawistara. Pengin nguji. Endi nangsibe Kresna?

Tongtongsot: Nangsibe kresna kuwi, lakune banyu kemembeng, rembesing toya bengawan. Suket godhong tinalisik. Kumarisik suwarane walang ataga. Lamun bareng bisa, ijen tanpa rowang. Ijen kuwi pandome, bareng kuwi srawunge. Suket godhong katiuping angin tengahing ratri anjalari walang ataga samya nggugah isine wana sato keplayu ngupadi jangkep jangkeping gending ingkang tinabuh para widadari widadara. Kasamsaya madha madha mring sak padha. Doh lor, doh kidul, doh wetan doh kulon, ngoyak playune pesti, tibane cundhuk mring kabeh sasama, lenggana rasa, budi, pamikir lan tekdir, timbang timbang aku iku ginugur gunung tanpa kanca tanpa kanti ngajak pambelo kabeh pra kawula dasih.

Kresna: Uwis wis wis aja dak bacutke. Barang mlaya barang miring, kapralaya gunjing miring. Janma waskita samya gumiring, ngupadi usada tepis wiring. Sanget ngaturaken gunging panuwun pukulun Ismaya sampun kersa tedak mlaya bumi. Cinagak cinuak sesarengan kangge mulya raharjaning bumi kulawan langit.

Tongtongsot: Iya iya Wishnu, prayogakna nggonmu prapta.

... Candhakipun ... Petruk Badra 8 ...                       

 
********
PETRUK BADRA 8
********
Dening: Marsigit UNY
20 Agustus 2017

Susatri: Bat tobat, jebul pandhitane bagus rupane, dhuwur piadege. Ceples temen. Mangka aku ya ora elek elek nemen. Aku suwita, suwita tumrap kowe ya pandhita muda?

Tongtongsot: Astaghfirullah al adzim.

Susatri: Ditakoni kok meneng wae. Mangka akeh para tamu. Uga pada meneng wae.

Tongtongsot:Astaghfirullah al adzim. Astaghfirullah al adzim.

Susatri: Aja ngaku pandita lamon duwe watak ora adil. Pada pada manungsa apa sababe aku dibedake? Rada mbada kalani wong iki.

Tongtongsot: Susatri.

Susatri: Lho ngerti jenengku, mangka durung winarah.

Tongtongsot: Kanugrahan kuwi werna werna wujude. Snajan bisa guneman wae kuwi wis wujud kanugrahan ingkang gedhe. Apa maneh bisa srawung. Utama utamane srawung utama. Astafghfirullah al adzim. Astagfirullah al adzim. Astagfirullah al adzim.

Susatri: Aku pengin suwita karo kowe. Marep mbrene. Tanganmu kaya ngene. Lhehmu lungguh kaya ngene.

Tongtongsot: Astaghfirullah al adzim. Lahir tumusing batos saestu wontenipun kawula tansah nyuwun pangapunten ngarsa Gusti Alloh SWT. Mboten wonten ingkang saged ngapunten dosa kula kejawi namung panjenengan.

Susatri: Dedeg piadegmu ora gandra sepira. Umpama dak gigit janggamu bisa pedhot dadi bayang bayang kowe.

Tontongsot: Istighfar 5x. Al Fatihah.

Susatri: Dijak guneman mbalah ming ndememeng. Mangka kowe tanpa kanca tanpa kanti. Umpama ora wedi dak senggara macan, dak tubruka mesti wae nglumpruk kuwandamu.

Tongtongsot: Istighfar 5x. Al Fatehah. Al Ikhlas.

Susatri: Aja pamer kepinteran kowe Tongtongsot. Nek ngaku ngerti ngelmune Cengkah Mlaku. Apa kowe ora ngerti, aku iki sejatine Cengkah. Aku ora mung ngerti, nanging bisa gawe cengkah lan mlayoke sak wektu wektu uga sak nggon nggon. Ayo tanding kulawan aku.

Tongtongsot: Istighfar 5x. Al Fatihah. Al Ikhlas.

Susatri: Lha apa kowe pasang walat tulak balak tulak sarik? Kok hawane krasa bentar. Ayo bubar. Bukak kudungmu. Cilik semingkir, gedhe ladenana kridaku.

Tongtongsot: Istighfar 5x. Al Fatehah. Al Ikhlas 3x. Donga Gog. Reng.

Susatri: Bat tobat. Iki hawane apa. Mbada kalani wong iki. Nek ngana dadi atur. Nyuwun senjata pukulun, pukulun raja dewa.

Bagong: Wah Reng githoku mengkirig. Kok mbengi mbengi ana wujud kaya ngana. Tujune wis lunga.

Gareng: Nek kowe ngerti kuwi mau hawa peteng.

Bagong: Hawa peteng kuwi apa?

Gareng: Wah wis jan cah ki. Hawa kuwi werna loro, padhang karo peteng. Urip kuwi tansah kupiya dalan padhang. Supaya bisa tansah dalan padhang kowe kudu tansah iman lan taqwa dhumateng Gusti Alloh SWT. Ning wong kuwi tansah diuji, diuji nganggo hawa peteng. Kiyi mau ujiane ndara Tongtongsot.

.... Candhakipun.... Petruk Badra 9 ...                       

********
PETRUK BADRA 9
********
Dening : Marsigit UNY
21 Agustus 2017

S Tunggal: Hong wilaheng ... ha nglegena purnama sidam kekayunaning ingkang wus kapiyarsa mijil pinda margana katiuping maruta wimba hing wiyati mulat mameh lumaksana sasmita widya paramarta pangupajiwa tulada pinda ilining warih we ingkang winursita udrasaning wibi yekti minangka wastra yuwana ingkang tansah ngupadi lebda ing kawruh yoga ulun Ismaya ingkang wus upiksa kasmaran jati. Pratelakna wigati ingkang sayekti.

Ismaya: Ehue.. kadi puspita ingkang rinonce nyuwun sih lumunturing samodra pangaksami ingkang putra Ismaya sampun kuma wantun atur pralampita ngarsa yayah wibawa palupining sumbaga ingkang sampun sinudarsana kumedah kedah kupiuaning yuwana yuwananing mandhala wastranipun agsang ingkang sampun upiksa ing wicara sawega ing gati trustaning tyas tinon silaning tanaya sungkawaning sunu ingkang sampun kaweca ing batos.

S Tunggal: Jala jaladri jaladara jalanidi wus kawistara sasmita sawega sila sanggraha samya ngupadi udyana utama suyitna yuwana saiyek saeka praya sawega ing gati saranane prawira ing pangaksama pabarataning pangupajiwa ingkang tansah jinangkung dening ingkang yasa gsang surya rawi samudra sitoresmi. Marsudi ing pawiyatan luhur ngreruri piwulang luhur kanggo luhuring budi tan kena kinaya apa srawung becik sih kinasihan mring sasama imbal wacana mulya winulyan. Manjurung saeko kapti kabeh panjangka pawitane kupiya manut lakune gatra kodrat ingkang wus ginatra dening ingkang yasa gsang. Pangestu pangastuti ulun tumrap kabeh jiwandana mugya raharja ingkang tansah pinanggih. Glis wasana wuntat widya ulun arsa bali makayangan. Sanggraha sudarsana palupi ingkang wus sinudarsana.

Ismaya: Mboten mamang sawega ing gati puja pangastuti ingkang tansah cinadong mugya wandawa samya tulus lulus kalis ing rubeda.

.... candhakipun.... Petruk Badra 10...                                                


*******
PETRUK BADRA 10
*******
Dening: Marsigit UNY
22 Agustus 2017

S Tunggal: Hong wilaheng...Tejamaya, Ismaya, Manikmaya, dewa dewi, bathara bathari, widadara widadari lan kabeh para jiwandana, mboya ulun piji piji. Lelakon Petruk Badra saka musiking kawula mracehnani kŕenteking ati lan pikire kawula cundhuking kodrat iradate gusti ingkang akarya jagad.

S Tunggal: Gilir gumantine jagad mulur mungkrete jaman kinodrat wruhana ingkang kanti permati, lakon Petruk Badra sakwusnya Ismaya bisa mewangun khayangane para Pandhawa, banjur kepiye wewangunane para dewa, kamangka kabeh kanggonan sifat tanpa cengkah ingkang lumaku lan nguwasani jagate cengkahe wujud, sunyata lan manungsa.

S Tunggal: Mula ing wektu kiyi, ulun arso paring wedar tumrap putra wayah ulun kabeh, supaya tetep subur, makmur, santosa, barokah, hidayah, inayah lan tansah pinaringan rakhmate Gusti Alloh SWT. Dewa pamikir dewa kaca benggala lamun bisa ngugemi lan memetri tinggalan leluhur.

S Tunggal: Bathara Endra, majua ngarep dak ilangi mala trimalamu. Ungalna watak dana wilapa kaya tumurune udan kanggo raharjane praja. Gulangen para dewa jiwandana sumrambahing pra kawula duwe watak dana wilapa supaya pada manggih raharja uripe. Manuta piwulange para ngalim ngulama lan kyai akehke dana sodakoh kanggo mulya lan raharjane urip.

S Tunggal: Bathara Yama majua dak suwuk mala trimalmu. Gegulangen kabeh para kawula dasih dimen uripe bisa manut karo kodrate dewa, tata aturane praja, lan srawung sasama. Manut pitutur pepunden para ngalim ulama diakeh silaturahim mring sasama mujudke hablumminanash.

S Tunggal: Bathara Surya, majua dak suwuk ungalna watak pepadang mring sasama. Utama utamane manungsa bisa gawe pepadang mring sasama sarana iguh pamikir pangrasa manut tuntunane Agama.

S Tunggal: Bathara Candra, majua dak srokal ungalna watak guyub rukun. Guyub kuwi bersatu, rukun kuwi mboya congkrah. Snajan kepengkok sulaya nek bisa aja ngeglo, kosok baline tansah kupiya gawe rukun. Pada meper hawa meper kamurkan lan jaga tata susila adab budaya tata krama. Sebab tata susila lan tata krama kuwi ngedohke panyendu, sengkala lan godane hawa peteng. Jaganen lisanmu sebab ajine diri ana lisan. Karya enak tyasing sasama. Pilih tembung sing enak ngepenak, apik tumapik lan migunani katimbang tembung sing ala lan ora piguna. Pangalembana budya luwih utama timbang panyentula utawa panyacat widya.  Tata krama kuwi ngelmu sing utama lan minulya. Diakeh dikebak pangapura tiningapuran supaya pada tansah ikhlas atine. Piwulange simbah kyai, sapa sing atine durung ikhlas, mboya bakal bisa mlebu swarga.

S Tunggal: Bathara Bayu majua, dak tolak bala. Watak bayu watak angin sumilir manut lakune ngelmu nyumurupi kasunyatan jati. Wedarna mring kabeh kawula supaya bisa duwe watak angin. Dadi manungsa kuwi sing pinter ngerti thek kliwere kahanan kiwa tengen waspada tliti lan nastiti. Penere ngelmu bisa ngedohke suudzan lan ngedohke saka gibah.  Watak angin manjing ajur ajer, ngrampungke perkara apa wae kanti dasar sabar tawakal istiqamah lan tumakninah.

S Tunggal: Bathara Kuwera, majuya dak paringi srana supaya para kawula bisa duwe watak gemi nastiti murah sandang murah boga sempulur rejeki saka pangeran. Iki ngarepi wulan riyaya akbar lumrahe uwong manut tuntunan Agama pada ngibadah korban ya ngibadah batin nyonto tuntunane kanjeng nabi Ibrahim AS.

S Tunggal: Batara Baruna, majua ngarsa ulun. Wedarna mring pra kawula utama utamane urip kuwi tumindak jujur tumrap apa wae. Jurur agawe santosa lan raharja. Ora jujur agawe bubrah tatanane ngurip. Ngadohna saka tumindak korupsi, culika apa maneh plagiarisme.

S Tunggal: Bathara Agni majua. Wedarna kabeh kawula urip kuwi kudu santosa ing rasa, ing budi, lan ing pamikir. Kabeh panggayuh kudu kanti temen lan seneng sarta tamsah jumurung ing Gusti ingkang murbweng dumadi. Urip sing prasaja aja gumedhe, aja kumingsun apa maneh adigang, adigung lan adiguna singkirana. Watak gumedhe lan kumingsun bakal ngobong kabeh karya lan kasil becikmu.

S Tunggal: Kaya wis purna ulun medarke ngelmune asta brata kanggo mungkasi lelakon Petruk Badra. Ora ngemungke dewa, pandita, resi, ratu nanging uga nara praja lan kawula kabeh. Jaya jaya wijayanti sura dira lebur dening pangastuti.




PURNA

No comments:

Post a Comment